Boso Jowo Luntur

ngomongke boso jowo yo ra apdol nek aku nulis nganggo boso indonesia. neng kok kadang ngroso wagu wae nulis akeh nganggo boso jowo. paling yo sebabpe ora biasa. lhah, aku ki wong jowo, neng wes mulai ilang seko otak gara-gara ora sering digawe. nah, wingi aku mertamu neng nggone bebana (bebadhan basa jawa nataharsana. bebana kui koyo komunitas seng madai uwong-uwong seng seneng boso jowo. neng kono, yo ora mung ngomong boso jowo, mocopat, geguritan, sesorahan, sinau aksoro jowo, pranotocoro.
neng jaman saiki, yo ono wae uwong seng isih nguri-uri boso jowo. neng nek uwong-uwong kui kok tekoni, jan-jane boso jowo ki penting ora to diuri-uri padahal saiki luweh akeh seng ngomong boso indonesia, english, po meneh gaya cynta laura? lha sok dinggo ngopo nek wes do ra nganggo jowo?
mesti yo jawabane, eneng seng ngomong "ilang yo uwes, lha njuk ngopo"
aku ki kadang yo luweh karo boso jowo. lha wong neng kuliahan seng nganggo jowo yo mung sithik, po meneh neng kelas, malah okeh inggrise ketimbang indonesiane. neng lha aku ki wong jowo, mosok to boso ibu ku we ra iso, kan yo aneh.
cobo cah cilik-cilik jowo jaman saiki, ketoe nek iso inggris malah dianggep pinter. trus neng keluargane yo malah nganggo boso indonesia. nek menurutku yo kui seng dadike boso jowo wes luntur. cah cilik iso ngomong ki seng paling kepisan yo niru ibue (sanak sedulure). lha neng wong ngomah we yo wes ra ngajari, yo anake wes ra iso jowo. opo meneh boso jowo kromo alus.
nah, neng kene yo mumpung eneng angkringan. dadine iso warek neng yo iso sinau boso jowo.

0 komentar:

Posting Komentar

Anda dapat menuliskan komentar Anda di sini, tentang apapun yang berkaitan dengan pemostingan blog ini.
Terima Kasih...

 
Silahkan Tinggalkan Komentar Anda :